Urip kiye kayadene mung mampir ngombe, Kabeh kang ana ing donya amung titipan Gusti, donyaning pawiyatan saiki wis akeh ketampek dening iline banyu lan sumribiting maruta liwat media sosial, mligine mring para generasi mudha nanging kabeh kuwe kudu diadepi kanthi permati. Gusti paring pacoban uga mesti paring dalan kanggo ngudhari. Kabeh kang wis dadi garising Gusti kudu dilakoni kanthi linambaran raos syukur, sabar lan lila legawa sanadyan kudu ngadepi gedhene ombak segara.
Antologi cerkak kiye ngandhut piweling maring manungsa mligine kanggo generasi mudha supaya tansah nemu jati diri lan nduwe budi pekerti luhur kanthi memangun raos tresna asih maring Gusti kang maha kuwasa uga sapepadhaning manungsa ing alam donya. Sugeng maos, sugeng ngresepi saben cerita kang kababar ing buku kiye. Nuwun








Ulasan
Belum ada ulasan.